Kata kata Bahasa Jawa Obrolan Gagal (seri 13)

Maaf ya br bales | iya gpp, km ketiduran ya? | iya maaf. kok km tau? | td aku kerumah | lho kok ga bangunin | aku ngapelin adekmu | *nggajul

Wati wes tok tembung Jo? | uwes Tho | terus ditompo ra? | ditompo | wah sip, melu seneng aku | seneng ndasmu! ak ki mung ditompo dadi supire

Njalukmu opo dik? | nek aku njaluk sing larang2 piye? | ra masalah | tenane mas? | iyo, engko bareng2 wae dibayangke | walah -_-

Lagi ngrungokne opo e Jo? | ngrungokne Maroon 5 iki Tho | wuelok, sing ndi? judule opo? | Pripun | heh?! -_-

Nek udan ngene hawane dadi adem yo dik | adem ndogmu, lg nggoreng lawuh nggo dapuranmu ngene iki yo tep semromong raiku | *macakketuron

Gelem dadi pacarku dik? | hmm, ono syarate mas | opo kui? tak lakonane | gratis sebulan pertama, bar kui syarat & ketentuan berlaku | heh?!

Mas, kowe ki ra sayang karo aku 🙁 | lho, ra sayang piye to dik?? | ha mosok aku mung arep nduwe pacar meneh we ra oleh | ha yo dik

Mas, neng kono kowe ra pareng nakal lho yo | iyo dik | dijogo tenan atine | iyo, pasti tak jogo atiku, tapi mbuh tanganku | *ngampleng

Sopo mas sing telpon? | relasi dik | kok le telpon ndelik2? hayo! | ha urusan duit nek ra ndelik mung entek tok sortir terus diiik | *mecucu

Piye Jo le mbribik tembus to? | ora je Tho 🙁 | waaa lha kok iso?? | ketoke nganggo wings Tho, mulakno ra tembus | yo preeek Jo -_-

Mas, aku oleh selingkuh ra? | yo ora lah! edan po | yo nek aku macak edan sek brarti oleh selingkuh to? | yo yo diiik -_-

Ayo Jo tak traktir mangan | ha mari Tho, mangan opo ki? | mangan iwak tanpa duri | woh joss, iwak opo kui Tho? | iwak pitik to yo | wooo

Piye to kowe ki Jo? ngedate karo Wati kok malah mung neng-nengan | wah kowe ra paham Tho, neng-nengan adalah emas Tho | yo Jooo 

Related posts of "Kata kata Bahasa Jawa Obrolan Gagal (seri 13)"

Kata kata Bahasa Jawa Quote Gentho (seri 29)

Arep pacaran model ngene po ngono, tep mesti akeh sing sok mbatin "nek carane ngono, cen penak jaman jomblo". # Arep pacaran model ngono po ngene, tep mesti akeh sing sok mbatin "nek carane ngene, cen mending pegat wae". # "Pacaran tu ngalir aja", kui brarti nek mau isuk pacarmu muni I love you, iso...

Kata kata Bahasa Jawa Luwih Penak Jomblo (seri 13)

Ora nggowo skripsi ning mangkat bimbingan. Koyo LDR yo? Nduwe pacar ning ra ngedep. *ihik Pas pacaran komit, pas pegatan komet. # Saben isuk rasane kopi iso bervariasi. Jelas bedo karo pacar, opo meneh nek mung nduwe siji. *eh # Pacaran: padu, njuk ra ketemuan. LDR: padu, njuk wegah telpon2an. Jomblo: padu, padu ro sopo?...

Kata kata Bahasa Jawa Galau Gentho (seri 20)

Jangankan urusan hati, ha sempake kuwalik opo ora we kowe ra ngerti. *eh # Ibarat kendaraan, rem-e pancen kudu makan, dinggo ngawekani nek ujug2 ketemu tikungan. *uhuk # Tak akoni bodimu pancen semledot, ning ambu kringetmu marai untu cekot-cekot. # Nek mbribik atimu kui ibarat nggugah kuntilanak turu, ha yo ndasmu! *eh # Nek tresnane...